Candhi Barabudhur
Candhi Barabudhur (basa Indonesia: ‘’Borobudur’’), iku jenenge sawijining candhi Buddha sing panggonane ane ing Kabupaten Magelang, provinsi Jawa Tengah. Lokasi candhi iki kurang luwih 100 km ing sisih Kidul-Kuloning Semarang lan 40 km ing sisih Lor-Kuloning Yogyakarta. Candhi iki yasane pamaréntahwangsa Syailendra ing kiwa tengening abad kaping 9 Masehi. Candhi iki candhi panganut agama Buddha Mahayana.
Jeneng Barabudhur
Saweneh pendapat, jengen Barabudhur kasusun saka tembung ''vihara'' lan ''bedhuhur''. Vihara nduweni teges komplek wangunan utawa pasareyan, dene bedhuhur utawa budhur yaiku lemah sing dhuwur. Tembung-tembung kuwi karonce dadi tembung Barabudhur. nanging pendapat iki isih nuwuhake akeh panyaruwe saka para winasis. Prasasti Sri Kahulun 824 Anno Domini nyebut tembung bhudhara sing dadi tembung Barabudhur.[1].
Taun Madeg
Candhi Barabudhur dibangun taun 750-842 AD. Nganti saiki akeh pendapat bab madegé Barabudhur, kinira ginawe bebarengan karo candhi-candhi Budha kang nduweni arsitektur mirip kayata Candhi Sari, Kalasan, Sewu, lan Plaosan sing dibangun taun 778-782 AD. Ana bukti kang tinemokake ing sangisore bukit Barabudhur arupa huruf Palawa sing di tedhak sungging huruf Jawa negesake wangunan Barabudhur ginawe antarane abad 7-10 masehi. cathetan kanthi tanggal 732 AD nyebut raja Budha saka dinasti Syailendra, ing taun kuwi raja saka dinasti Sanjaya (Hindu) uga nduweni panguwasa sing pada-pada unggul. Candi-candi Budha (Barabudhur, Mendut, Pawon) di ubengi candi-candi Hindu ing sakiwa tengene, sisih wetan ana candi Canggal, sisih lor ana candi Sengi lan kulon madeg candi Pringapus lan Selagriya dene sisih kidul ana wangunan lingga-yoni simbul suci Hindu. Semana uga sakupenge candhi Hindu (Prambanan) madeg candi-candi Budha (Kalasan, Sari, Sewu, Plaosan, Sojiwan). [2]. Borobudur madeg kanthi 3 tujuan
- simbol kasucen agama Budha
- minangka monumen pamojan, lan tetenger Budha
- panggonan kanggo nyimpen samubarang kang ana gayutan karo sang Budha. [1].
Panjenengane biksu Narada Mahatera nandur wit Bodhi utawa ''Ficus Religiosa'' utawa ''Acwata'' ing komplek Borobudur. Wit Bodhi penting kanggone umat Budha, amarga ing sangisore wit iki sang Budha antuk nugraha (kewahyon) dadi wong kang suci. [3].
Struktur Barabudhur
Candhi Barabudhur bentuke punden maundak, sing tumata saka enem tingkat awujud bujur sangkar, telung tingkat awujud bundher mlungker lan sawijining stupa utama sing dadi puncake. Saliyane iku ing kabeh tingkat kasebar pirang-pirang stupa.Dhuwur wangunan iki asline 42 m, nanging amarga kesamber kilat dhuwure susut nganti kari 35,29 m. Barabudhur manggoni area 14,165 m kubik kanthi amba 120 m. 2 yuta watu andhesit kasusun ana ing Barabudhur kanthi volume 55.000 kubik m. Abote wangunan iki kurang luwih 350.000 ton, Barabudhur saguh nampung 5.000 pengunjung.[4]. pondasi Barabudhur bentuke persegi kanthi siku-siku kang lincip. Barabudhur bentuke matingkat-tingkat (punden). Dasar Borobudur ora bisa dinulu, 11.600 kubik watu wis kekubur. 160 relief saka Karmawibangga kekubur.[4].
Sang Budha
'''Sang Budha''' utawa ''Sidharta Gautama'' miyos taun 563 sm, Panjenengane putra saka Ratu Maya garwa saka Raja Chuddodana panguwasa Kapilawastu India. Ing yuswa 29 taun Sidharta mutusake dadi begawan lan nganglang buwana ngupadi wahyu ninggalake keraton. Budha Gautama, antuk wahyu ing yuswa 35 taun (531 sm).
Pokok Ajaran Budha
Pokok Ajaran Budha percaya dene manungsa mesti ngalami reinkarnasi. Supaya manungsa bisa oleh urip kang sampurna uwal saka reinkarnasi manungsa kudu percaya marang 4 ajaran ''Catur Aryasatyani yakuwi
- urip kuwi kasengsaran
- oyot saka kasangsaran yaiku nafsu lan pepenginan
- manungsa bisa uwal saka kasengsaran
- kasengsaran bisa di wedhar kanthi 8 dalan utama Hasta Arya Marga.[5].
Sadurunge Sidharta antuk wahyu, panjenengane ngalami makaping-kaping reinkarnasi. Panjenengane ngalami urip awujud kewan, crita iki dibeberake ana ing Jataka Mala anggitan Aryacura. Crita iki uga di tatah ana ing undhak-undhakan kang ana ing Barabudhur kanthi jeneng relief Jataka. salah sijine kura-kura kang nylametake kapal kerem, kethek kang nylametake anak putune, lan gajah kang nylametake serdadu sing kesasar lan kaluwen.[6].
Tingkatan aneng Barabudhur
Tingkatan aneng Barabudhur nyimbolake 10 dalan Dacabhumi kanggo nggayuh urip sampurna kaya dene Sang Budha kang dianut penganut Budha Mahayana yakuwi, 1. Pramudita, 2. Vimala, 3. Prabhakari, 4. Arcismati, 5. Sundurjaya, 6. Abhimukti, 7. Durangama,8. Acala, 9. Sadhumati, 10. Dharmamegha. Tingkatan iki dumadi saka 3 tingkat yakuwi,
- Kamadhatu dumadi saka 3 dalan, Pramudita, Vimala, dan Prabhakari. Nggambarake sipat manungsa kang kaya kewan.
- Rupadhatu dumadi saka Arcismati, Sudurjaya, Abhimuki dan Durangama. Nggambarake sipat manungsa kang wis ngrerehake nepsu-nepsu ala nanging isih nduweni sipat lan wujud manungsa. digambarake kanthi relief Lalitawistara, Jataka, Awadana, lan Gandawyuha.
- Arupadhatu dumadi saka Acala, Sadhumati, dan Dharmamegha. Nggambarake manungsa kang wis uwal saka nepsu lan wujud. Nyimbolake ora ana awal lan akir (nonbegining no ends), ing tingkatan iki ora tinemokake tatahan relief, bentuke bunder, nyimbolake kemantepan kang digayuh manungsa ing alam meditasi.[7]
Relief
Ing saben tingkatan ana relief-relief sing padha ditatah ing tembok candhi. Relief-relief iki carane maca miturut saubenging dom jam utawa nganggo basa Kawi diarani mapradaksina. Tembung iki sangkane saka basa Sansekreta daksina sing tegese iku kidul. Aneng Barabudhur Gunggung Panel (gambar relief) 1460 panel ing tingkat Kamadhatu ana 160 panel relief, ngandhut crita kang dijupuk saka Karmawibangga, nyritakake lelakune manungsa ing donya kang kebak luput "sapa nandur, ngunduh". Manungsa isih sengsara utawa samsara. Nanging relief kuwi ora bisa dinulu amarga papane kang ana ing dasar. Rupadhatu nduweni 1300 panel yakuwi,
I. Tingkat sepisan
- 120 panel nyritakake Lalitawistara, manggon ing tembok sisih nduwur tingkat sepisan.
- 120 Nyritakake lelampahan sang Budha ana ing Jataka lan Awadana manggon ing tembok sisih ngisor.
- 372 Nyritakake terusan crita Jataka Awadana, manggon ing undhak-undhakan sisih nduwur.
- 129 Nyritakake terusan crita Jataka Awadana, manggon ing undhak-undhakan sisih ngisor.
II. Tingkat kepindho
- 128 panel relief kang dijupuk saka manuskrip Gandawyuha, nyritakake Sudharta nggoleki pitedah saka 6 guru. Njajah 110 kutha ketemu Budha Maitreya aneng kahyangan Tusita, Maitreya nduduhke kraton kang edi. Sudharta uga ketemu Mancjuri sing nudhuhake swarga Kutagara, lan akire ketemu Samanthabadra kang mejang babagan Bhadracari.
- 100 panel nutugake crita Jataka Awadana kang manggong ing undhak-undhakan tingkat kapindho.
III. Tingkat Ketelu
- 88 panel Nyritakake biografi Maitreya minangka Budha, mapan ing tembok utama tingkat kapindho
- 88 panel nutugake Biografi Maitreya.
IV. Tingkat Kapat
- 72 panel nggambarake crita Samanthabadra minangka Budha pungkasan ing bumi, manggon ing tembok utama tingkat kapapat
- 84 panel nggambarake crita Maitreya lan relief-relief kang ora kaweruhan critane.[8]
Arca
Barabudhur nduweni 504 Arca Budha
- 72 arca Wajrasattwa ngubengi pucuk arupadhatu.
- 64 arca wairocana
- 276 ngubengi 3 alur sisih ngisor,sekabehe ngadep ana ing 4 pancer.
- 92 patung Manushi kasusun miturut 4 pancer. Wetan- Kanakamuni, Kidul- Kacyapa, Kulon-Cakyamuni, Lor- Maitreya. [9]
Dhyani Budha, utawa posisi Budha meditasi ana 5 yakuwi:
- Aksobhya-Wetan
- Ratnasambhawa-Kidul
- Amitabha-Kulon
- Amogasiddha-Lor
- Wairocana-Zenith (tengah).[9]
Kanthi urutan Pradakshina yaitu laku kang ngubengi kanthi arah jarum jam kang dimulai saka sisi Wétan lan mudra arca-arca buddha di Barabudhur yaiku:
| Arca | Mudra | Parlambangkan | Dhyani Buddha | Arah Mata Angin | Panggonan Arca |
|---|---|---|---|---|---|
| Bhumisparsa mudra | Ngundang donya dianggo saksi | Aksobhya | Wétan | Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatu siseh wétan | |
| Wara mudra | Kedermawanan | Ratnasambhawa | Kidul | Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatusiseh Kidul | |
| Dhyana mudra | Semadi atau meditasi | Amitabha | Kulon | Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatusiseh Kulon | |
| Abhaya mudra | Ketidakgentaran | Amoghasiddhi | Lor | Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatusiseh Kidul | |
| Witarka mudra | Akal budi | Wairocana | Tengah | Relung ing pager mlangkah 4 baris kapisan Rupadhatusaben siseh | |
| Dharmachakra mudra | Pemutaran roda dharma | Wairocana | Tengah | Sakjroning 72 stupa ana 3 teras mubeng Arupadhatu |
Restorasi Barabudhur
Restorasi Barabudhur kawiwitan abad 19 Sir Thomas Stanford Raffles (1811-1815) ngutus H. C. CorneliusTheo Van Erp arsitek saka Walanda ngrestorasi Borobudur lan kasil.[10]Dr. Sukmono ing kongres Orientalis 27 ing Ann Arbor Amérika Sarékat taun 1967 ngasta permasalahan Borobudur kang mbutuhake bantuan internasional kang katulis ing tesis kanthi sesirah New Light on some Borobudur Problems, amarga iki donya internasional liwat UNESCO menehi kawigaten marang restorasi Barabudhur.[11] Barabudhur tinetepake minangka warisan donya taun 1991 dening UNESCO.[12] naliti Barabudhur. Taun 1907-1911
Tidak ada komentar:
Posting Komentar